Latest News
Ads

Contoh Soal Basa Jawa dan Jawabannya mengenai cerita Roro Jonggrang dan Bandung Bondowoso

Beberapa contoh soal Bahasa Jawa mengenai Cerita Roro Jongrang Basa Jawa lan Bandung Bondowoso.
Kerajaan Pengging melawan Keraton Boko

Contoh Soal Bahasa Jawa Krama Alus :
1. Sinten Raden Bandung Bondowoso puniku?
(Siapa Raden Bandung Bondowoso itu?

Raden Bandung Bondowoso inggih punika putranipun Raja Pengging Prabu Damar Moyo ing jaman kerajaan Hindu-Budha . Raden Bandung Bondowoso inggih punika salah saktunggaling pangeran ingkang terkenal kuwat lan sekti mandraguna.

2. Kajaba Kerajaan Pengging, kerajaan nopo malih ingkang wonten ing jaman Hindu Budha sesarengan kaliyan Kerajaan Pengging menika?
(Selain Kerajaan Pengging, kerajaan apa lagi yang ada pada zaman Hindu Budha bersamaan dengan Kerajaan Pengging tersebut?)
Kajaba Kerajaan Pengging, wonten kerajaan sanesipun ingkang kagungan nami Keraton Boko.

3. Sinten ingkang mimpin Keraton Boko? Sinten kemawon ingkang dipun kasebat tokoh-tokoh saking Keraton Boko sanesipun?
(Siapa yang memimpin Keraton Boko? Siapa saja yang tersebut sebagai tokoh-tokoh dari Keraton Boko lainnya?)
Raja Keraton Boko inggih punika Prabu Boko, lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko gadah lare putri ingkang ayu sanget kanthi asmanipun Loro Jonggrang utawi Roro Jongrang

4. Menopo ingkang dados alesanipun Prabu Boko nyerang Kerajaan Pengging?
(Apa yang menjadi alasan Prabu Boko menyerang Kerajaan Pengging?)
Prabu Boko gadah pepinginan ngambakne wilayah kerajan kanthi nyerang kerajan Pengging.

5. Pripun caranipun Prabu Boko nglawan Kerajaan Pengging?
(Bagaimana caranya Prabu Boko melawan Kerajaan Pengging?)
Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerang kerajaan Pengging. Perangan gedhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak kerajaan Pengging ugo kerajaan Boko.

Contoh Soal Bahasa Jawa Ngoko Cerita Keraton Boko lan Kerajaan Pengging
1. Kenopo Prabu Damar Moyo dawuh dening anake melu perang nglawan Prabu Boko?
(Kenapa Prabu Damar Moyo menyuruh anaknya perang melawan Prabu Boko?)
Perang antara Keraton Boko lan Kerajaan Pengging tambah gedhe, akeh rakyat sing mati. Kanggo ngurangi korban perang, Prabu Damar Moyo dawuh dening anake yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko.

2. Sopo sing iso mateni Prabu Boko?
(Siapa yang bisa membunuh Prabu Boko?)
Mergo kekuwatan lan kesektiane, Raden Bandung Bondowoso biso mateni Prabu Boko.

3. Kenopo Roro Jonggrang ora gelem karo Bandung Bondowoso?
(Kenapa Roro Jonggrang tidak mau dengan Bandung Bondowoso?)
Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake.

4. Piye carane Roro Jongrang nolak lamarane Bandung Bondowoso?
(Bagaimana caranya Roro Jongrang menolak lamaran Bandung Bondowoso?)
Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan:
“Yen sampean pengen ngrabeni aku, Sampean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi.”

5. Apa jenenge sumur sing dijaluk Roro Jongrang marang Raden Bandung Bondowoso?
(Apa nama sumur yang diminta Roro Jongrang kepada Raden Bandung Bondowoso?)
Sumur sing dijaluk Roro Jonggrang lan berhasil digawe marang Raden Bandung Bondowoso yaiku Sumur Jalatunda

1 Response to "Contoh Soal Basa Jawa dan Jawabannya mengenai cerita Roro Jonggrang dan Bandung Bondowoso"

Like Us

More on this category »