Latest News
Ads

Resep Es Campur nganggo Bahasa Jawa

Resep Nggawe Es Campur nganggo Basa Jawa
Mugo-mugo manfaat yooo...
Resep Es Campur Segar Manis

Bahan Es Campur :
•    400 cc sirup abang
•    es serut sakcukupe
•    200 gr cincau ireng, diiris kotak-kotak
•    200 gr tape telo, (ditugel-tugel)
•    200 gr kolang kaling, iris tipis
•    200 gr daging klopo enom, dikerok
•    200 cc susu kentel manis
Bahan Lione:
•    buah strawberry, sakcukupe
•    200 gr buah nongko, diiris cilik-cilik
•    200 gr buah melon, dibentuk bunder cilik-cilik
Carane Nggawe Es Campur :
1.    Pertamane disiapke mangkok utowo gelas. Terus lebokke 2 sdm daging klopo enom, 2 sdm kolang kaling, 2 sdm tape telo, lan 2 sdm cincau ireng.
2.    Tambahke buah sing wis disediake koyo sing dipinginake.
3.    Terus tambahi es serut sakcukupe, terus disiram nganggo sirup abang ning nduwure.
4.    Paling keri, dicampuri susu kentel manis.
5.    Es campur wis siap diombe

0 Response to "Resep Es Campur nganggo Bahasa Jawa"

Like Us

More on this category »