Latest News
Ads

Datheng ing Pengeten "MITONI" Upacara Adat Tujuh Bulanan

Mitoni Ing Dusun kulo
Mitoni adalah upacara adat jawa
Anang - Ashanty mengeti upacara mitoni (Sumber Google)

Kala wingi siyang, kulo kaliyan keluarga angsal ulem-ulem saking salah satunggaling tanggi wonten ing dusun. Ulem-ulem menika keserat menawi sonten niki Mbak Santi badhe ngawontenaken upacara adat mitoni. Sakderengipun kulo dereng nate ngertos bab mitoni, ananging sekedik-sekedik kulo nate mirsani pengetan "tujuh bulanan Ashanty" dados kula nggih semangat pisan konjuk datheng manyeksekaken upacara mitoni . Siyang punika kula madosi informasi bab mitoni ing internet.  Saking mriku kula mangertos menawi mitoni niku asalipun saking tembung pitu (7). Upacara adat niki diselenggarakaken wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Tiyang jawi mengeti mitoni anggadahi tujuan kagem keslametan calon bayi lan ibunipun utawi kanggo ingkang sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki ugi dipunarani tingkeban.
Wah, saksampunipun kulo angsal informasi bab mitoni, kulo dados tambah semangat datheng wonten ing acara mitoni Mbak Santi. Saking mriku kulo dados ngertos tata cara mitoni ing budaya Jawi.
ing benten wanci, kula badhe nyerataken pengalaman kula bab mitoni klebet tata cara mitoni ing dusun kulo.
Maturnuwun.

Kasimpulan :
Pengertian mitoni inggih menika upacara adat ingkang diselenggarakaken wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.

0 Response to "Datheng ing Pengeten "MITONI" Upacara Adat Tujuh Bulanan"

Like Us

More on this category »